GANCARAN PUPUH SINOM padha 14 lan 15 bahasa jawa pendidikan

GANCARAN PUPUH SINOM padha 14 lan 15 

Lan yen dadi juru dakwah. Aku dudu keturunan. Luwih becik patuh aturan lan kewajiban urip. Nglakoni pedomaning urip warisaning leluhur saka jaman biyen nganti tekan saiki. Ora ana liya mung nggo nyambut gawe.


  • Padha 15
DOWNLOAD
Salahe dewe sing ora ngagas Paugeran wong urip. Urip  iku ana telu perkara. Luhur,bandha,ketelu kepinteran. Yen salah sijine ora bias digayuh saka telu perkara iku. Entek harga diri manungsa. Luwih aji godhong jati garing. Akhire  nelangsa kaya pengemis mrana - mrene.



     Gancaran Pupuh Sinom (Pada kaping 8 lan 9)

Pada kaping 8
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.

Gancarane:
Mending yen pikirane wong, urip tanpa prihatin, nanging ing jaman sesuk, seng disenengi bocah enom, niru niru nabi, rasul seng diutus Gusti, mung dinggo kanggo gawe seneng, saben dina mampir ana ng masjid, angarep-arep tibane rahmat.

Pada kaping 9

Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.

Gancarane:

Mung ngerti njabane, ning asline ora ngerti, ora ngerti anggone tuladha, dadi padha lali, sapenake dewe ana ing masjid, yen maca kutbah, suwarane anrenyuhake ati, suwarane kepenak dirungu ngumandhang kaya kaya palaran.

Comments

Popular posts from this blog

GANCARAN SINOM padha 8 lan 9 pendidikan bahasa jawa

ARTI GANCARAN PUPUH PANGKUR PADHA 4 LAN 5 pendidikan bahasa jawa