GANCARAN SINOM padha 8 lan 9 pendidikan bahasa jawa
A. Gancaran Pupuh Sinom (Pada kaping 8
lan 9)
Pada kaping 8
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin,
Nanging ta ing jaman mangkya, pra mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi,
nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe umbag, saben saba mapir masjid,
ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
DOWNLOAD
Gancarane:
Mending yen pikirane wong, urip tanpa prihatin,
nanging ing jaman sesuk, seng disenengi bocah enom, niru niru nabi, rasul seng
diutus Gusti, mung dinggo kanggo gawe seneng, saben dina mampir ana ng masjid,
angarep-arep tibane rahmat.
Pada kaping 9
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi,
dalil dalaning ijemak, kiyase nora mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan
neng masjid agung, kalamun maca kutbah, lelagone dhandhanggendhis, swara arum
ngumandhang cengkok palaran.
Gancarane:
Mung
ngerti njabane, ning asline ora ngerti, ora ngerti anggone tuladha, dadi padha
lali, sapenake dewe ana ing masjid, yen maca kutbah, suwarane anrenyuhake ati,
suwarane kepenak dirungu ngumandhang kaya kaya palaran.
Comments
Post a Comment