LAPORAN WAYANG KULIT

DOWNLOAD

 A. Dalang : Ki Manteb Sudarsono 

 B. Lakon “Prabu Salya Gugur lan Patih Sengkuni Beset” 

 C. Paraga

 - Radhen Widura - Patih Sengkuni - WerkudaraDOWNLOAD - Radhen Kresna - Arjuna - Patih Setyaki - Radhen Suro Basonto - Radhen Gajakso - Semar - Gareng - Petruk - Bagong - Siluman Ulo - Siluman Macan 

 D. Isining Crita

 Werkudara krungu anggone Patih Sengkuni maju dadi Senapati. Dheweke wis ora sabar pingin ngalahakke Sengkuni. Ananging Radhen Widura pakne cilik pandhawa rawuh. Malah Radhen Widura duka kaliyan Sengkuni sing dadi musuh bebuyutane wiwit mbien. Radhen Widura, Werkudara, Patih Setyaaki, lan Arjuna mangkat nglawan Sengkuni. Arjuna lawan Radhen Suro Basonto Senapati saka Ploso Jenar. Radhen Suro Bonto nguculke pirang-pirang panah menyang awake Arjuna. Panah mau gampang banget dicekel karo Arjuna ora bakal mleset. Gareng metu, melu-melu nyekel panah e Radhen Suro Basonto. Arjuna bisa gawe Radhen Suro Basonto gedandapan lan mati ning tangane dhewe. Patih Setyaki kalawan dening Radhen Gajakso. Uga meneh. Kaluwarga pandhawa bisa ngalahakke kaluwarga kurawa. Patih Setyaki bisa mateni Radhen Gajakso. Patih Setyaki menang. Radhen Widura kalawan dening Sengkuni. Ananging, ing tarung iki Radhen Widura dikalahke Sengkuni, amarga awake Sengkuni kebal marang apa wae sing dikenakke ning awake. Krungu paklik e gugur, Werkudara nesu. Dhewekke marani Sengkuni, nanging sempet dicegah kaliyan Radhen Kresna. Radhen Kresna tanglet marang Semar apa kalemahanne Sengkuni kui. Semar ngandani, ndisik rikala Lenga Tala dadi direbutke. Sengkuni sing etuk Lenga Tala kui lan disuntakke dening kabeh perangan awakke kajaba janthukane Sengkuni. Wis ngerti kalemahane Sengkuni, Werkudara mangkat ngalawan Sengkuni. Werkudara nancepke kuku pancanakane pas ning janthukane Sengkuni. Sengkuni mati, ora sido dadi Senapati. Bubar mateni Sengkuni, Werkudara ora sabar ngerampungke perang Baratha Yudha iki kanggo cara mateni Prabu Duryudana. 

 E. Pitutur Luhur

 - Ojo kesusu anggone mutuske laku, opo meneh sik ono sangkut pautke karo nyawaning manungsa. 

- Dadi uwong ora kena due rong rupa, senengane ngadu domba. - Sedhulur siji lan liyane kudu rukun ora kena mendem rasa dengki.

 - Ngelakokake opo-opo kudu ikhlas ora ono rasa pamrih.

Comments

Popular posts from this blog

GANCARAN SINOM padha 8 lan 9 pendidikan bahasa jawa

GANCARAN PUPUH SINOM padha 14 lan 15 bahasa jawa pendidikan

ARTI GANCARAN PUPUH PANGKUR PADHA 4 LAN 5 pendidikan bahasa jawa